Aku luwih penak lho nek umpama nulis blog nganggo bahas ngene ki….jagongan karo awak dewe dijawab dewe. Iki catatanku akhir tahun iki….suwe banget aku ra nulis ngene ki…iki wae aku tiru-tiru tulisanku pas jaman tahun 2011. Iki nyoh jagonganku karo awakku dewe.
Halo, tahun iki meh entek…kowe ijih eling kejadian-kejadian penting neng tahun iki?
Yo beberapa kejadian aku eling nda, terutama kejadian sing dimulai soko pertengahan tahun wingi.
Piye maksudmu?
Yo pertengahan tahun 2016 iku dadi ono beberapa peristiwa sing mampir neng kisahku.
Masalah wong wadon mesti?
Yo aku terlibat hubungan emosional karo wong wedok pas iku….aku yo ra mudheng jane…iki umpama aku eling-eling bakal seumur hidup take ling-eling. Tapi kowe rasah tak kandani wae yo nda…kan kowe ki wonge ember!
Badak ik, aku ki ra cangkeman nda! Yo nek ono wong sing reti masalahmu iki iku amarga wonge kepo kowe moco blog iki.
Lha yo masalah’e kui nda…
Kejadian Pantai Drini piye nda?
Oh iku tanggal 3 September 2016 pas RW ku piknik neng Pantai Drini, Baron lan Sadranan. Lha pas neng Drini si Reggy, Tasya lan Dilla katut ombak nganti adoh ki nda….Astagfirullahaladzim. Reggy lan Tasya iku keponakanku…. wah jan aku wis panik tenan,…lha wong gandheng aku ra isoh renang yo isohe gur bengak bengok nda…. Alhamdulillah semuanya selamat nda… Alhamdulillah Tim SAR pancen jos tenan. Kejadian iku tak rekam trus tak lebokne Youtube ku.
(Dilla pas katut Ombak Pantai Drini trus diselametke Tim SAR)
Kerjaan piye nda?
Pertengahan menjelang akhir aku melu dua seleksi yoiku seleksi KAI lan seleksi UNDIP. KAI neng Bandung ping pindho, ketemu konco jaman kuliah Adhita D. (wong lanang iki) aku daftar calon kondektur tapi rung katut. Tapi aku oleh konco akeh neng kono, neng kono aku nambah sedulur. Nek pas daftar Undip aku karo Kenshi dan kawan-kawan tapi mereka podo ora lolos, aku lolos sampai aku kerjo seminggu akhir’re tak pikir rasah wae….gajiku 2,5 an nek tunjangan komplit nek ra yo gur 1,7. Wis lah aku bali Klaten maneh iku amarga aku rung resign wong gur ijin 4 dino..haha.
(ketemu Yoga konco UGM pas daftar KAI)
(Iki pas tes kesehatan tahap awal KAI, tengah kui Adit koncoku UNY, mangkat bareng soko Klaten numpak Lodaya Malam)
Motret Amatir?
Yo eneng lah koyo nikah’e muhtar, nikah’e agus adine septi lan event motocross pas karo konco wartawan sorot. Yo pas nikah’e agus aku kejadian ora lali amarga esuk’e aku cus neng Jatirajek Karangnongko sik menghadiri akad nikah’e Lia dan Mas Prast. Lia iku mbiyen pacarku pas tahun 2009, lha apik’e aku diundang neng nikah’e….lha amarga aku gak isoh teko neng acara resepsi amarga aku meh motret neng nikah’e agus trus dadi aku teko neng Akad Nikah’e tok. Wah malah dadi momen sing mengharukan, aku ndelok pak naib moco ijab qobul lan moco dongo kanggo pengantin, aku melu dongo mugo-mugo lia lan mas prast dadi keluarga sakinah mawadah warohmah…..trenyuh…melu seneng…. Pas meh pamitan mulih aku salaman karo nganten, wah malah diajak selfie bareng nganten…..Jos pokok’e koncho kenthel ra eneng dendam tur wis ra eneng pengarepan opo-opo maneh….murni koncho kenthel.
Oiyo Karisma X AD —– NJ didol nda?
Wa iki…motor kesayanganku 12 tahun tak nggo. Kharisma X 125 ku didol neng wong birin mlese gantiwarno, payu 5 juta nda. Wah iku motor penuh kenangan nda…. Aku SMA nganggo iku…daftar UGM numpak iku, kuliah numpak iku, mbiyen tau dolan-dolan pas jaman kuliah yo numpak iku, garap skripsi, konsul dosen, konsul karo psikolog jaman skripsi, ketemu narasumber skripsi, melu testing gawean, nganti aku nyambut gawe ethuk setahun setengah aku numpak motor charisma X 125 tahu 2004. Wis jan penuh kenangan banget neng uripku motorku kui mau…mulo nek aku ketemu motorku neng dalan aku mesti seneng. Pernah aku ketemu kharismaku AD NJ neng parkiran kantor Bappeda…trus motorku tak peluk-peluk,,,,aku seneng banget saiki motorku malah luwih kerawat karo sing duwe saiki.
(BPKB Karisma X 2004 AD NJ ku sing saiki wis dituku wong birin)
(pas aku ketemu karisma x ku neng parkiran Bappeda Klaten, aku kirim salam kanggo sing duwe motor..haha…mugo-mugo terawat terus yo le kowe….karisma NJ ku)
Ganti Motor saiki?
Saiki aku nuku motor’e Agil anaknya bu Rini, plat AD….ABC tahun 2015. suk meh tak pindah wae neng jenengku alias balik nama trus meh tak pindah berkas’e pajak neng samsat prambanan ben penak.
Piye balenono kisah wong wadon nda?
Wis koyone wis bubar iki…asem tenan. Mungkin aku salah…aku ancen salah….wah aku koyo emosional banget…kudune aku biasa waeeee….rasah emosional ngunu. Tapi yo emang ngunu iku nek jatuh cinta ki yo? Walah…
Wang-sinawang nda ternyata ki?
Ancen,,,,,saiki ra gagas aku. Wong ki wang sinawang….ee sing rung lulus pengen lulus, sing rung duwe bojo pengen duwe bojo, sing rung duwe anak pengen duwe anak. Saiki sing penting awak dewe wae kok nda-nda… mugo-mugo podho bahagia kabeh….jos.
Oiyo akhir tahun iki pakde wardi meninggal.
Innalillahiwainaillaihi Rojiun…. Aku kaget tenan amarga pakdeku sehat lan bugar banget. Pakdeku tukang kayu sing elok banget isoh gawe opo wae sing soko kayo, koyo to kusen, pintu, jendela, lemari, mejo, kursi lan perkakas omah. Mugo-mugo khusnul khotimah pakdeku…
(Keluarga sukoharjo pas donga’ke almarhum pakde wardi neng makam carikan)
Jare ngimpi ketemu Simbah Parto Kakung lan Mbah Parto Putri?
Wah iyo’e nda…iku pas malam menjelang aku ualng tahun nda,,…malam minggu, kan minggune tanggal 11 Desember iku pas aku ulang tahun. Aku ngimpi ketemu mbah parto kakung lan putrid neng omah sukoharjo sing mbiyen, omah sing rung ono omahe pak kelik lan omahe pak wid….aku memadamkan api neng ternit duwur kamar nomer 2. Mbuh ngopo kok isoh kobong trus aku nyiram banyu nganggo banyu kran ngarep omah kae. Simbahku ra omong opo-opo kih…mungkin artine opo yo? Duh kok api disirami? Opo ngakon aku ojo emosional? Kok padamke wae apine? Wallahualam.
Jare ngimpi ketemu seseorang nda? hayo…? Jare ping 3 ngimpi deknen?
Badak tenan, iyo….sing pertama kae aku bar dinesoni karo wonge sak polle,…ya ampun aku wedi bgt trus malah katutan ngimpi kui. Trus sing kedua aku ngimpi ketemu “secara kebetulan” lha aku kepikiran kata-kata iku terus…asem tenan. Sing ketiga aku ketemu wonge nganggo bandana mirip Axl Rose….asem tenan ik kok yo’o Axl Rose ngunu lho? Ah saiki wis bubar aku, mugo-mugo oleh gantine…… aku saiki nggo introspeksi diri wae lah.
Don’t Worry Be Happy
Gampang diomongke angel dilakoni…ikhlas iku nek kudu ikhlas sing tenanan.
Gawean piye nda kiro-kiro tahun 2017?
Koyone aku meh dipindah neng DPKP alias Cipta Karya…yo ben malah kono duitte akeh Insya Allah.
Yowis nda…. Mugo-mugo tahun 2017 luwih apik timbang tahun iki.
Aamiin. Maturnuwun nda….